Keraton Kasepuhan Cirebon

Karaton Kasepuhan Cirebon pérangan ngajeng
Lambang Karaton Kasepuhan (1920-1933)

Karaton Kasepuhan Cirebon inggih punika salah satunggaling karaton ingkang paling kerumat ugi paling manggrong ing Kitha Cirebon.[1] Saben wujud arsitèktur ing karaton punika paling misuwur amargi gadhah aji sujarah.[1] Latar ngajeng karaton dipunkupengi témbok bata abrit kaliyan wonten pendhapa ing salebetipun.[1] Karaton Cirebon ugi gadhah musiyum ingkang cekap jangkep kaliyan isinipun pirantos-pirantos pusaka sarta lukisan kagunganipun karaton.[1] Piranti-prianti punika kados ta pirantos perang, meriem, kaliyan kereta kencana ingkang dipun-ginakaken nalika perang.[2] Kréta punika dipunwastani Kereta Singa Barong, ingkang asesirah gajah ingkang tlalénipun nyepeng trisula (prabawanipun Hindhu), suwiwinipun garuda (prabawa Islam), ugi naga (parabawa Cina).[2] Nanging, wiwit taun 1942, kréta punika boten dipun-ginakaken malih kaliyan namung dipunwedalaken kanggé dipunjamas saben tanggal 1 Syawal.[2] Déné ing musiyum pérangan kidul wonten priasan, piring, ugi pirantos karaton ingkang dipun-ginakaken nalika jamanipun Sunan Gunung Jati.[2]

  1. a b c d Keraton Kasepuhan Cirebon(dipunundhuh 3 Dhésèmber 2012)
  2. a b c d Jejak Keraton Kasepuhan Cirebon(dipunundhuh 3 Dhésèmber 2012)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search